loading...

Monday, October 20, 2014

mantra kekidungan


doa
Panca Ghaib
KUNCI
Gusti Ingkang Moho Suci
Kulo nyuwun pangapuro dumateng Gusti Ingkang Moho Suci
Sirollah datollah sipatollah
Kulo sejatine satriyo
Nyuwun wicaksono, nyuwun panguwoso
Kangge tumindake satriyo sejati
Kulo nyuwun kangge anyirnakake tumindak ingkang luput.
PAWELING
Siji siji, Loro loro, Telu telonono
Siji sekti, Loro dadi, Telu pandhito
Siji wahyu, Loro Gratrahino, Telu Rejeki
SINGKIR
Gusti Ingkang Moho Suci
Kulo nyuwun pangapuro dumateng Gusti Ingkang Moho Suci
Sirollah datollah sipatollah
Kulo sejatine satriyo
Hananiro, hananingsun
Wujudsiro, wujudingsun
Siro sirno mati dening satriyo sejati
Ketiban iduku putih sirno layu dening.....(Asmo satriyo)
MIDJIL
(Asmo satriyo).....Jeneng siro midjilo panjenengan ingsun kagungan karso arso.....(Gulung)
(Asmo satriyo).....Jeneng siro midjilo panjenengan ingsun kagungan karso rogoniro arso tumindak.....(Gelar)
ASMO😂

loading...




Pambuko Roso😁
I. ROH SUCI
Duk semono naliko jenengsiro aneng telenging telogo tanjung
Opo kang ono telenging samudro roh suci
Roh suci sopo kang kagungan, kagungane Gusti Ingkang Moho Suci
Siji, loro mulung
Telung sasi rupo
Patang sasi osik
Limang sasi malik
Enem sasi ngetang
Pitung sasi gya ngajun
Wolung sasi ngetang
Sangang sasi gya midjil
Lamun arso midjil ono loro mergane kang siji metu mergo ino, kang siji datan metu mergo ino, kang metu mergo ino roh suci, kang dadi manungso, iku keno pati, kang datan metu mergo ino, ratu jalu klawan estri lamun jabang bayi arso midjil, sopo kang midjil rumuhun, kang midjil rumuhun kawah, kawah jejuluk "sastrojendro" peparap mami, sak wusnyo sastrojendro aneng njobo gyo manguwuh-uwuh kadange anom "he jaji kang lagi aneng guwo garbane ibu", pangudusaniro sastrojendro, jaji jenengsiro den aglis midjil kadangiro tuwo wus aneng njobo, aneng njobo ono warno-warno kang endah tur edi-edi.
Sanaliko jabang bayi arso metu, pun ibu kroso uwat jabang bayi sanaliko nendro, hayuningrat arso ngupadi kadang tuwo pembarepipun kang peparap sastrojendro ono ing ngendi pandunungane, kadang anom arso ketemu, endi to margoniro ngupoyo bisonyo ketemu, sanaliko hayuningrat uro-uro, "kakang-kakang sastrojendro, kadangiro anom arso ngupadi ono ing ngendi papan pandununganiro, kadangiro anom hayuningrat arso matur kadyo pundi pawartanipun kadangiro anom arso mangerti", wangsulane sastrojendro, "yo bener kadang ingsun hayuningrat jenengsiro yekti kadang ingsun moro jaji manjuwo dene gupuh ono ngarsanipun kakang, mulo jenengsiro den aglis maturo, "eling den eling, lamun eling sun elingi, lamun lali sun bondo", hayuningrat matur, " lamun luput nyuwun pangaksono", wangsulane sastrojendro, "paweling ingsun kuwi kanggo adege bener, kadang luput yo luput, kadang bener yo bener".
II. URIP KANG SINEMBAH
1. Sopo kang manggulo wentah ragane manungso iyo urip, kang ngobahake ragane manungso iyo urip, kang muno iyo urip, kang kroso romongso ngrasakake iyo urip, mulo urip kang pinilih sakalir datan liyo kejobo urip, kang sinembah urip, urip kang sinembah sakabehing urip (sedarum), amergom urip kang kagungan, kang amengkoni sakabehing kahanan.
2. Kahanane wujud, wewujudan kang gumelar aneng ngalam dunyo iku kabeh den wengkoni urip, urip kang kagungan purbowaseso, kang nguwasani kabeh kahanan, mulo urip kang gawe gelar gulung ono soko dening urip, datan ono, soko dening urip, urip iku yekti, urip kang mahanani sakabehing kahanan, mulo sesembahan nyoto iyo mung urip, bukti luhur luhuring urip kang sarwo tuwuh manuwuh, kang sarwo sumi menjemi iku yektine urip.
3. Gumelaring jagad anyar saisine pisan, anane mung ringgit purwo, lampahanipun monosuko manunggal, dalangipun bocah soko gunung, herucokro semono, iku kang mandegani pagelaran aneng jagad agung ngalam dunyo, waranggane roso sejati, gamelane dudu gamelan perunggu nanging gamelan lokananta, swarane gumludug, kang dewe-dewe munyo munining urip, ringgit purwanipun woco, elingo purwaning dumadi, purwaning dumadine manungso, tan liyo soko dening roh suci, kang sinabdo tumurun gumelar aneng ngalam dunyo kang sarwo tuwuh-manuwuh dedalane manunggal kinantenan sarwo midjil, nora rampung lungguh aneng jagad anyar ora biso den lakoni bathin, agomo lan ngelmu, tangeh lamun jenengsiro tan mangerti mring kuncinipun iku kuncining gesang. Moho suci sesebutan ingsun, iku tumrap sakabehing manungso urip kang tumitah aneng ngalam dunyo, toging anggo marsudio katone wujud kang anggendong mondong yekti urip, yekti nyoto nyotone nyoto jenengsiro turu binantalan urip, kinemulan urip, kinasuran urip, samobahing ragane soko krentege kalbu opo kang jenengsiro sedyo kudu podo jenengsiro tumekeng wujud, datan ono bedane krenteg kang mahanani yekti podo ono.
III. MUSTIKANING ROSO
1. Mustika mustikaning roso, urip sejatining urip, kang mahanani gelar gulung kang gumelar aneng ngalam dunyo, kang biso mumpuni roso sedarum iku gemblenging roso, mumpuni roso sekalir.
2. Purwaning dumadine manungso tan liyo soko dening roh suci kang sinabdo tumurun gumelar aneng ngalam dunyo, kang sarwo tuwuh-manuwuh dedalane manunggal kinantenan sarwo midjil.
3. Gelar gumelare manungso soko dening manunggaling roso sejati, manunggaling bopo klawan ibu, sakarone podo rebut roso, rangkul rinangkul den podo uwal uwaliro lamun wis podo midjil.
4. Mulo sakabehing poro manungso elingo purwaning dumadi, sun njarwani marganipun naliko jenengsiro kinandut mring ibuniro, ibuniro rino klawan dalu tan kendat anggone meminto mring sihing gustine, pamintonipun ibuniro murih widodo lan dadi tulusing kang kinandut, sangang warso nandang sengsoro, mbenjang mios wanito wiwah kakung amung sipat dermo nompo ingkang kagungan urip.
IV. PANGKUR (Kanti midjil)
1. Tandur
Sriyoto putraningsun, dasar kanyo tur manis, ati-atiyo malengkung gumelar ambyar ing tawang, nggumunake manungso sedarum dadi remaning poro manungso, anane sri sejati, biso mujudi.
2. Tulak ngunduh lan miwiti
Kapi jembawan sesembahan ulun, guru laki kang sejati, kang andadekake reanane driyo sakabehing manungso, kapi jembawan wujudipun ketek abang, mulo pujo semedinipun mbenjang lamun kagungan putro/putri kenyo manis sang dyah diyu jembowati. Katiyasanipun jentik manis, mamanis ndadeake tentreme manungso yen wus dewoso ingsun gadang-gadang dadiyo prameswari warine wisnu, wisnu munggal ngejowantah neng ngalam dunyo, tuwuhe sri sejati kang mabyur, mulo dadi pepundene poro kawulo putri miwah kakung, ndadekake mulyane poro kawulo sak anak kadang tumeko putu, iku sak teruse agawe bunga lan tentrem.
Catetan :
Yoto kuwi pari, sri kuwi laku, triyoto kuwi kinasihe batoro kolo, mulo sing ngoyak-oyak pangan kuwi batoro kolo, dadi yen triyoto sing dijejerake ora bakal digudo, ketek abang kuwi kekarepan (karso), pujio dudu mujo, mujo kuwi lagi laku, pujo kuwi lungguhe dadi jembowati yo kuwi ghaib, kanggo tetulak, yen matan ono tetulakan pari, jawan kudu dijebol setitik, kuwi saranane banjur gawe ngubengi sawah sepisan wae (sing wis wiwit mratak), bakdo kuwi suket jawan banjur dienam (dibundel wayang) digowo mulih dilebokake lumbung, iki kanggo mengkoni anane pari kang lagi tuwuh (mratak), ora bedo opo wae tuwuhe jabang bayi kang winengku kakang kawah.
V. MULO JENENGSIRO GELAR GULUNGE ROSO KANG NYOTO
(Dandang gulo)
Poro manungso biso muno-muni iku soko obah osiking roso lati biso ngunekake tutuk minongko lurung, iku yekti karsaning urip, urip kang gawe gelar kang dadi panutan, mulo siro darbe karso awit jenengsiro den lungguhi urip kang ngrenggo rogoniro. Ono kuwi yekti kang nganani, mahanani mring kabeh kahanan urip kang anganakake saliring gelar gulung gumelaring roso sakalir kang anglimputi rogo ing telenging telogo tanjung, eling-eling jenengsiro duk maksih aneng telenging roso sejati siro durung manunggal, tunggal roso kabeh anglakoni kang nglimput sakojur badan urip kang dadi wengkune wengku kang bakuh kukuh njrambahi jagadiro yekti mulo sireki kroso kabeh ing ragamu lan jabeng asmane sopo kang lungguh anglungguhi ing roso neki lan udinen den tunggal, poro manungso biso muno-muni iku soko osiking roso lati biso ngunekake tutuk minongko lurung iku yekti karsaning urip, urip kang gawe gelar kang dadi panutan, mulo siro darbe karso awit jenengsiro den lungguhi urip kang ngrenggo rogoniro. Ono kuwi yekti kang nganani, mahanani mring kabeh kahanan urip kang anganakake saliring gelar gulung gumelaring roso sakalir kang anglimputi badan, rino klawan dalu eling-eling jenengsiro duk maksih aneng telenging roso jati, siro durung manunggal.
VI. KEKUDANGANE ROMO
Heh putraningsun sami poro satriyo lan wanito mreneo sun jarwani, mangertiyo jenengsiro wus ingsun sabdo dadi kitab suci sejati adam makno wastanipun, iku wujudiro wulang reh sejati iku uniniro, berbudi bowo laksono, kadyo lakuniro pratondo jenengsiro putraningsun.
VII. ASMORODONO
Ojo turu sore kaki ono dewo nganglang jagad nyangking bokor kencono isine dungo tetulak sandang klawan pangan, yo kuwi bagianipun wong urip sabar narimo.
VIII. SIMBAH TINGGAL WEWELAR
Poro manungso jenengsiro elingo perobahane jagad lawas lan jagad anyar, sing biso ngetutake perobahane jagad, sing wis eling sangkan paraning dumadi , kang wis ndarbeni telu kang podo sektine, kang sumromboh anjrambahi sak indenging jagad. Siji lungguhe roso, loro lakune roso, telu gelare roso, siji tumrap laku jenengsiro laku tresno, loro jenengsiro laku welas asih, telu mring sak podo padane ono, yoiku gemblenge, hanane, gumelare jagad anyar, gulunge jagad lawas, tegese jenengsiro, siji : rengganen kang momong rogoniro rino klawan wengi, loro : jenengsiro biso anggulowentah obah mosiking roso, telu : bukti klawan nyoto jeneng siro kroso, rumongso, ngrasakake opo kang jenengsiro lakoni tumrap samubarang karyo.
Pakaryan kang guno amigunani, sumromboh mring sejagad yo jagade manungso urip kabeh, iki sabdo dawuhe kang murbo waseso jati, yo guru jati, yo pangeran jati, yo moho adil, kang ngadili gawe gelar roso katentreman tumrap manungso sak indenging jagad royo kang laku kasebut.
IX. KINANTI LOBONG
1. Wis katon sasorotipun trontong-trontong amadangi kabeh dunyo kang gumelar ngalam iki, mangertiyo jenengsiro kang murbo lan amiseso sang hyang mono jati yekti.
2. Karsane hyang Romo prabu mbengkas durmolaneng bumi kari endang lan satriyo kang ginadang dadi wiji, wiji janmo kang utomo, tuwuh-manuwuh sejagad royo, karyo raharjane bumi.
3. Heh kabeh putraningsun pirengno sabdoningsun iki, "ojo podo was sumelang, ingsun jangkung rino wengi sun emban, sun gendong, siro yekti tan pisah sarikmo siro ingsun yekti jati".
X. LAKU LAN TUMINDAKE PUTRO
- Laku (laku njero)
1. Ojo ngaku (kumingsun) jalaran mratandani goro.
2. Ojo ngrumangsani, jalaran yen ngrumangsani tegese darbe rumongso sumbarang (widagdo ing patrap) malah wigar sabarang gati.
3. Ojo mungkir, tegese selak, kudu jujur sing temen-temenan, ono ucao ono uni.
- Tumindak (laku njobo)
1. Ojo gumunan, tegese gampang kepincut dening kepinginan, darbe kapribaden dewe.
2. Ojo wegah netepi (nuhoni) darmo minongko jejibahan.
3. Ojo wedi, yo iku tumekaning pasti.
4. Ojo mutung lamun ngalami kegagalan.
- Kudu biso ngrasuk busono loro
1. Kasarjanan
muluring nalar anane sepisan iku sir, lampahing iku cipto, lungiding iku budi, telu-teluning mau gembleng dadi siji, yo ingkono lungguhing biso tumindak opo wae kang wis dadi kewajibane (darmane dewe-dewe).
2. Kasujanan
Tegese minongko kanggo panglimbang amargo bener luput, olo becik kuwi wis sinandang, tegese yo dadi darbene dewe lan kabeh kuwi mau ono, mulo murih biso runtute laku lan tumindak biso diwawas (ditimbang-timbang) kanti temenan, jalaran olo becik, bener luput biso diungkiri maneh, ingkono mau rogo kang wenang milih, yen tumindake bener sing bakal oleh kuwi yektine sopo? nanging kosok baline, yen tumindake luput, sing bakal nompo yo sopo?
XI. PAYUNG TUNGGAL JATI
Elingo jenengsiro putraningsun asaliro ono iki soko manunggaling roso sejati, duk naliko manunggaling bopo lan ibuniro, sakarone manunggal sawiji, rangkul-rinangkul, tan purun pisah jaji, lamun roso sakarone durung midjil, lha iku ananiro ing madyo, podo marmo jenengsiro ojo wani-wani marang wong
tuwoniro, yektine kang anjangkung klawan dadio pepayungiro sinebut payung tunggal jati

No comments:

Post a Comment