loading...

Monday, June 3, 2019

Syahadat sejati

Makna syahadat atau arti syahadat,syahadat sampurno,sejatine syahadat, syahadat sejati,dua kalimat syahadat
Makna syahadat

Warisan poro leluhur kejawèn lan poro sufi tanah jawa. Untuk mempelajari yang ini harus ada gurunya. Karna ini hal yang sangat rumit.
Pemahaman tentang syahadat yang sangat mendalam.
kejawensoemo.blogspot.com
Syahadat

cahya, dadi idlafi, lebur idlafi, dadi rasa, lebur rasa, dadi sirna mulih maring sajati, kari amungguh Allah kéwala kang langgeng tan kena pati
Sahadat Sajati
Iki lapalé Sahadat Sajati, ing ngisor iki pratéIané
Ashadu ananingsun, la ilaha-rupaningsun, ila
llahu-Pangéran ingsun, satuhuné ora ana Pangéran, anging Ingsun, kang badan nyawa kabèh
Sahadat Tanpa Ashadu
Iki Sahadat, tanpa ashadu, ing ngisor iki pratélané :
Sahadat tanpa ashadu, putih kudhuping melathi, Sahadat ananingsun, Mukhammad élingingsun. Pangéran rasaningsun, Allah uripingsun, cipta langgeng lungguh ing puser, ya hu, ya hu, ya hu Allah
Sahadat sakarat wiwitané pati
Iki Sahadat sakarat wiwitané pati :
Sakarat pujiné pati, maksudé napas pamijilé napas, kaketek meneng-meneng, iya aku sing ameneng, pati suksma badan, mulya suksma sampurna, mulih maring dzat tuu’
llah, Allah kang bangsa iman, iman kang bangsa nur, nur kang bangsa Rasul
u’ll
ah, iya salat akbar, Mukhammad takbirku, Allah pangucapku, salat jati asembahyang kalawan Allah, ora ana  Allah, ora ana Pangéran, amung iku kawula tunggal, kang agung kang kinasihan

Sahadat Sakarating Ati
Iki Sahadat Sakarating Ati, ngisor iki pratélané :

Ashadu ananingsun, anuduhaké marga kang padhang, kang urip tan kenaning pati, mulya tan kawoworan, élingé tan kena lali, iya rasa iya Rasulullah, tutuga

alam padhang, iya iku hakékating Rasulullah, sirna manjing sarira ening, sirna wening tunggal idhep  jumeneng langgeng amisésa budiné, angen-angené tansah amadhep ing Pangéran

Sahadat Panetep Panatagama
Iki kawruhana, Sahadat Panetep Panatagama, ing ngisor iki :

Sahadat Panetep Panatagama, kang jumeneng ruh idlafi, kang ana telenging ati, kang
dadi panceré urip, kang dadi lajeré Allah, madhep marang Allah, iku wayanganku ruh Mukhammad, iya iku sajatining manusa, iya iku kang wujud sampurna. Allahuma kun walikun, jukat astana Allah. Pankafat
u’llah
ya hu Allah, Mukhammad Rasulullah

Sapa-sapa kang andeleng sarta maca, kang supaya dirasakna rasané kang kasengker rasa, aja kandheg uniné baé, poma-poma.

BAB KAHANANING RUH
Bismillahi-rrahmani-rrokhimi. 1.
Utawi anapun tegesé iman, iku pangandeling ruh. 2.
Lan tegesé tokid, iya panunggalé ruh. 3.
Lan tegesé marifat, iya paningaling ruh. 4.
Lan tegesé kolbu, iya panarimaning ruh. 5.
Lan tegesé akal, iya pamicaraning ruh. 6.
Lan tegesé niyat, iya pakaremaning ruh. 7.
Lan tegesé salat, iya adhepé ruh. 8.
Lan tegesé sahadat, iya kahananing ruh.

BAB PANUNGGALING IMAN

Utawa anapun panunggaling iman, iku dadi pakumpulaning johar Mukhammad, iku limalas prakara, kaya ing ngisor iki pratélané : 1.
Sapisan, imaning iman, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku ananing Allah. 2.
Kapindho, imaning tokid, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku panunggalé Allah. 3.
Kaping telu, imaning sahadat, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku sifatullah. 4.
Kaping pat, imaning ma'rifat, tegesé aja sak aja serik,iya sira iku waspadaning Allah. 5.
Kaping lima, imaning salat, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku adheping Allah. 6.
Kaping nem, imaning urip, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku kauripaning Allah. 7.
Kaping pitu imaning takbir, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku kagungané Allah. 8.
Kaping wolu, imaning saderah, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku patemoning Allah. 9.
Kaping sanga, imaning pati, tegesé aja sak aja serik, sira iku kasucianing Allah. 10.
Kaping sepuluh, imaning junud, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku wadhahing Allah.11.
Kaping sawelas, imaning jinabat, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku kawimbuhaning Allah. 12.
Kaping rolas, imaning wudlu, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku jenengé Allah. 13.
Kaping telulas, imaning kalam, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku pangucapé Allah. 14.
Kaping patbelas, imaning
akal, tegesé aja sak aja serik, iya sira iku pamicarané Allah. 15.
Kaping limalas, imaning nur, tegesé aja sak aja serik, iya sira kudu wujudu
llah, iya iku pakumpulané jagad kabèh, dunya akhirat suwarga naraka,
arasj kursi, loh-kalam, bumi langit, manusa jin, ibelis la
nat malaékat, nabi wali mukmin, nyawa kabèh, iku kumpulé ana pucuké jejantung, iya ingaranan
alam kiyal, tegesé kang bangsa lahut, iya tegesé angen-angening Pangéran, iku kang agung iya ingaranan alam barjah, iya tegesé pamoré ing gusti kawula, iya ingaranan
alam misal, iya tegesé wiwitané ing pangawruh iku iya kasucianing dzat sifat asma afal, iya ingaranan alam arwah, tegesé pakumpulané nyawa iya kang kaparak sipat kamal jamal.

BAB MASAALAH PATI LAN URIP
Iku kaweruhana satemené bab pati, pati sapisan iya urip pindho, iku padha sira atakona maring guru utawa pandhita, mulané nggegurua maring wong kang wus sampurna marifaté, iku padha dèn wani sumungkem ing guru, lan aja wedi kariyakan Ian kaidonan awindon taunan yèn wis oleh wisiking guru dadi tan ana patiné wong iku- Ana déné sing sapa asih ing guru iya asih ing nabi lan asih ing Allah, sing sapa maido ing guru iya maido ing Allah, lan sing sapa maido tuduhing guru iya maido andikaning Allah lan amaido sabdané dhèwèk, poma-poma ujar iku aja ana metu maring wong liyan, sabab iki ilmu hakékat, iku larangané nabi wali mukmln, ujar iki ora kena dèn gawé bebantahan.
BAB MASAALAH SAJATINING PATI
Iki kaweruhana satemené bab masaalah sajatining pati, iya endi sajatining pati, lan endi tinemuning pati, lan endi rasaning pati, lan endi awasing pati. Kang sapisan sajatining pati, iku ora emut ing jiwaragané iya langgeng bungen luluh ajur ora ana kèri, iya maring leburing sih purba ning dzatullah, iya
sifatullah,iya af’alu’llah.
Kang kapindho tinemuning pati, iya saka ing sih karsané wasésaning dzatullah, ikutinemuning pati iya tekaning urip. Kang kaping telu rasaning pati iku ora sinung mulat maring liyan manèh-manèh, iya anging sukmaning dzatullah iya kang anglimputi, iku rasaning pati, lamun ora mangkonoa, dadi kaya kéwan patiné wong iku. Kang kaping pat nggoning pati, iku ora ana pituduhé, ora arah ora enggon, Ian ora ana kuburé, ora ana langité, ora ana buminé, ora ana suwargané, ora ana narakané, iku nggoning pati ing dalem kukumé wasésaning dzatullah, iya désa kang langgeng kang salamet, lamun ora mangkonoa, patiné iya siya-siya jasadé wong iku. Kang kaping lima awasing pati, iku iya : La maujuddalahu, tegesé ora ana kawula iya anging anané dzatullah, sifatullah, iya afalullah, iya kang urip tan kena pati, iya iku awasing pati, lan aja ana sak aja serik, sing sapa anganggoa iku iya antuk kanugrahaningsun, dadi ora samar maring pati-uripé wong iku, karan weruh ing sarirané iya weruh patiné iku, dadi wus waspada sira ananingsun.

BAB MASAALAH PRATINGKAHING PATI
Iki bab masaalah pratingkahing pati, padha kaweruhana sakabèhé, iya sing sapa wong asih ing pati, iku iya asih ing Pangérané, iya sapatemonan wong iku iya amung iku, ana déné pati iku rong prakara, sawiji pati maknawi, lan kapindho iku pati hakiki. Tegesé pati maknawi iku mati sajroning urip, mahutu kablah antu mahutu, tegesé matia sira weruha sadurungé sira mati, Ian padha ginahuwa mati sajroning urip, tegesé mati sajroning urip, angilangaké : riya, kibir, drengki lan sumengah, sarta ora aningali liyan iya anging Allah balaka tingalé wong iku. Tegesé pati hakiki iku, pati pecating nyawa, iya kawruhana sing sapa wongé ora angrasa mati iku kang mati salawasé, lamun ana wong angrasa mati iku ora mati salawasé, ana déné kang mati urip iku dudu ruh, lan ruh iku tan kenaning pati, lan jisim iya ora kena pati, tetep asal ing alam sahir, iku maring alam kabir iya iku akhirat, ana déné napsu iku sipating urip, sarta wong mati iku maring karsaning Allah, iya maring kukumé Allah iku padha ngupayaa.

SAHADAT SAKARATING RUH
Iki sahadat sakarating ruh, padha kaweruhana kabèh, ana déné kaweruhana satemené
sahadat sakarating ruh iku, patang prakara kèhé. Kang sapisan, tatkalané ruh iku pecat saking jasad Iya tinarik ruh iku lan Iinirikaké ruh ruh iku maring puser, lan amaca sahadat ruh iku : La ilaha ilallah Mukhammad-RasuIulloh. Mangka nuli pecat manèh ruh iku, lan Iinirikaké ruh iku maring ati puat, mangka maca sahadat ruh iku : La ilaha ila anta. Mangka nuli pecat manèh ruh iku maring utek, lan maca sahadat ruh iku : La ilaha ila huwa. Mangka pecat manèh ruh iku alus, lamun iku ora weruh, ing dedalané pecating ruh, ing dalem sakaraté wong asuwé, Ian sakarati wong iku pira-pira larané, uripé sakedhèp netra pangrasané padhané larané sapuluh taun, lamun mangkonoa wong iku dadi kena cobaning sétan, mulané akèh-akèh katingalan, lamun ora weruh dedalané pecating ruh iku dadi asuwé ing dalem sakaraté wong iku.

BAB MASAALAH PADUSANING URIP
Padha kaweruhana satuhuné padusaning urip, iya sawijiné kunir-kuning iya padusaningsun, tunggal-kumbang iya bebuntelingsun, kala-buruti iya patelesaningsun, iya warna sèwu binuntel kadi barambang sabungkul, binucal maring tegal purusan, iya cinucuk maring kaluwat araningsun sang laékamaya iya gegeluningsun sang manikdarmaya iya iku maésaningsun, johar mayiti iya kaluwatingsun, sang retna-dumilah iya masigitingsun, sang marmaya iya paèsaningsun, gumantung datanpa cantèl, jajala iya pambedhahaningsun, kubur iya dedalané malaékat sacakraning gilingan dzat lap, lunga maésaningsun, dhindhing iya araning menga sacakraning gilingan iya dzat lap. iku poma-poma aja metu maring wong liyan, iku larangan pandhita, iya larangané guru, ujar iku aja ana sembrana, yèn sembrana dadi oleh dosa, lan aja ana agawok ing liyan, wong kang ora weruh aja dèn weruhaké wong iku.

BAB MASAALAH TURUN-TURUNING PATI LAN IYA PELABUHANE PATI
Iki kaweruhana bab masaalah turun-turuning pati, Ian iya palabuhaning pati, iku kaweruhana palabuhané pati iku pitung prakara, yèn ora weruha iku kadi welut sinumpet elèngé patiné wong iku, Ian kaya wedhus binesét kulité uripan rasané sakaraté pati, iya

No comments:

Post a Comment